Monday, March 6, 2017

Good Bye Putih Abu-abu - Ceritamu Lagi Kroso Nganti Saiki

Lagi kroso saiki,
Mbiyen nek ngomong 'aku lak pengen cepet lulus
SMA', 'kesel biat aku sekolah, cepet
lak lulus', 'nek wes lepas SMA, penak
isoh bebas, isoh ndang kerjo'
Pas lulus, enek seng kuliah, seng kerja, lan endinge muk dadi pengangguran, kabeh ketemu kumpul cerita tentang pengalaman anyare dewe dewe, terus omong 'ngerti ngene penak
sekolah' enek seng omong 'jebul enak nek
sekolah yo' enek seng ngene barang 'aku kangen SMA...'
pas wektune eling masa masa SMA
Eling pas 'teko telat terus dihukum', 'diusir guru pas lagi neng kantin', eling pas 'bali sekolah seh nggowo seragam,
langsung dolan nganti lali wektu' eling pas biasane 'golek2 alesan nek metu sko kelas (biasane
alesan pamit neng KM terus bali neng kelas pas
entek jam pelajaran', eling 'pas jam kosong do gojekan nek mburi'
Eling 'pas keturon nek kelas'
Paling eling pas 'mulih risik mergo sekolah enek
acara' kui wes surga sekolah ...
Ncen SMA kui masa sengng paling akeh momentne, saiki putih abu abu
wes dilipat rapi nok lemari.
Masa kui muk isoh dikenang lewat lembaran
potret lan cerita SMA... singkat waktu, masa
indah dengan banyak kisah :-)




~and

Good Bye Putih Abu-abu - Ceritamu Lagi Kroso Nganti Saiki Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Unknown

0 comments:

Post a Comment